Bahasa Jawa Dialek Magelangan
Mirengakaké obrolané Mas Paijo karo Mas Wawan. Mas Wawan: Mas, nèk ra salah sampéyan ki ndak sing jenengé Joko tå , kancaku sekolah mbiyen kaé ? Mas Paijo: Owalah, Wan, Wan, kowé ki lali på karo aku, ha wong aku w è ij èh apil karo kowé kok. Ha kok kowé isa-isané wis lali. Kowé ki mbiyen sekå kelas 1 nganti kelas 3 sak kelas terus karo aku. Apå dumèh pirang-pirang taun ra ketemu? Njur saiki lali, ngono på ? Ha nèk aku jan blas ora lali. Mas Wawan: Yå ora ngono maksudé Jo, samaré aku nèk salah uwong ngono lho. Aku ki saiki pancèn cok panglingan karo kåncå-kåncå ki . Nèk mbiyèn rak ij èh enom kaé dh å apal. Nèk saiki rak wis pådhå-pådhå tuwane tå?. Ha kuwi sing cok marai dadi lali ké . Mas Paijo: Nganu waé på saiki mampir dolan nang nggon aku waé. Aku kepengin ngobrol-ngobrol karo sampéyan jé . Jenengé wè wis suwé ora tau ketemu, ha rak mesthi okèh critané iki. Priyé ? Gelem pora ? Mas Wawan: Wah yå ayo nek ngono tapané Jo, njo! . Mas Paijo: Sakjané
Komentar
Posting Komentar